Postingan

Serat tripama pupuh dhandang gula

MINGGU, 02 FEBRUARI 2020 Serat Tripama Februari 02, 2020 Serat Tripama Serat Tripama iku karya sastra kang awujud tembang macapat, mligine pupuh Dhandhang Gula. Serat Tripama wiwit ana nalika jaman Mangkunegara anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV (K.G.P.A.A. Mangkunegara IV) ing Surakarta. Isine ngenani ajaran kaprajuritan kang ditindakake dening Patih Suwanda, Kumbakarna, lan Basukarna. A. Serat Tripama Pupuh Dhandhang Gula 1. Serat Tripama        Serat Tripama wujude tipis lan mung sapupuh yaiku pupuh Dhandhang Gula kang dumadi saka pitung pada. Pupuh yaiku rerangkening tembang kang padha nganti pirang-pirang pada utawa bait.         Serat Tripama iki diripta udakara taun 1860-an kanthi ancas supaya bisa dadi patuladhan lan sumbering inspirasi, ora namung kanggo prajurit, nanging uga para pemimpin utawa kabeh bebrayan agung saengga bisa kasil anggone nindakake kewajibane dhewe-dhewe ing alam donya. 2. Pupuh D...